Kidung Sinom, Pupuh Sapta

|
Embun-embun enjang kang prasojo,
lumer, dadyo tumbal
Nambut tumekaning trang sandyakala
silaning kemepyar bagaskara
kang wus lumampah ing wetaning buwono.

Kawuryan dumugi dwipa!

Ooo enjang puniko, ingsun tembangaken pupuh sapta,
kinormatan kagem murcaning embun kanthi prawira
kinormatan kagem murcaning ampak-ampak.

Sanadyan namung sak kedheping paningal
nanging embun lan ampak-ampak paring menungso pengetan
Bilih yuswo manungso ing alam puniko mboten dangu,
kados gagat dumugi cahyo.

Lajeng lumer, manunggal sampyoh.

Dirga kagem manungso ingkang iling lan waspodho,
cemepak sangu katimbalan sang hyang

Nalika megatruh dumugi,
ungkara, kinormatan, lan dharma tan iling-iling
kados ampak-ampak ingkang tasih asrep sanadyan wus murco,
kados embun tan iling-iling bening nirmala.
Ask Me Anything
Follow me on Twitter
Recommend me on Google Plus
feedback